Tembang Asmarandana berasal dari kata "asmoro" dalam bahasa Jawa, atau asmara/ cinta kasih. Perasaan saling menggemari dan mengasihi yang sudah menjadi kodrat ilahi antara laki-laki dan wanita. Tembang asmarandana mengandung filosofi tentang perjalanan hidup seorang insan yang sudah tiba waktunya untuk memadu cinta kasih bareng pasangan hidup atau jodohnya. Tembang Asmarandana mempunyai watak cinta kasih, asmara yang diikuti juga rasa pilu atau murung. Aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan Tembang Asmaradana yakni: 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Artinya: a. (Guru gatra = 7) Asmaradana mempunyai 7 larik atau baris kalimat. b. (Guru wilangan = 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8) Kalimat pertama berjumlah 8 suku kata, dan seterusnya hingga kalimat ke tujuh sesuai urutan memiliki jumlah suku kata tersebut diatas. c. (Guru lagu = a, i, e, a, a, u, a) Akhir suku kata setiap kalimatnya bervokal a, i, e, a, a, u, a. Tembang Asmaradana 17 Syair Tembang Asmaradana dalam Serat Panji Raras antara lain selaku berikut. 1 ) Gawe tunggu omah becik, ni Dhadhapan bekis mojar, cariwis meneng abae, ora idhép wedi sira, ko mesthi modar kalap, ki Jangkung bapang ma cucu, kalap mono koyo apa. 2 ) Ya ta wus munggeng pandhapi, Resi Handa sampun lenggah, dhampar retna lelemeke, ni Dhadhapan munggeng ngarsa, timpuh jrih maras-maras, sang Resi sasmita sampun, mring wanara ngambil boja. 3 ) Nguni kacatur ing tulis, padhukuhane sang tapa, sarwa ana sakalire, yen pinuju katamuan, rumanti sagung boja, tanpa ngolah sampun penuh, mung dadi lawan cinipta. 4 ) Ya ta kang wanara ngambil, pasugata tetenongan, nulya sinajekken age, rarampadan warna-warna, ing ngarsane ni randha, ki jaka Jangkung andulu, kumecer akelolodan. 5 ) Sang pandhita ngandika ris, heh randha sira mangana, anakmu iku kaluwen, yen turah gonira mangan, gawanen pilihana, kang enak ing sakelarmu, yen luwe maning balia. 6 ) Ya ta ki Jangkung miyarsi, agahan ngokohi pindhang, satuwung pinuluk cekoh, nahan wus sami anadhah, tuwuk suta lan biyang, sadaya langkunganipun, ginendhong nulya pamitan. 7 ) Sang wiku ngandika aris, lah iya padha muliha, heh ni randha wekasingong, lamun ana apa-apa, sira enggal tutura, ingsun sumedya tutulung, marang kauripanira. 8 ) Lengser ni randha wotsari, jaka Jangkung tatayungan, bungah keh oleh-olehe, ing marga datan winarna, sampun prapta ni randha, duk seleh gendhonganipun, keong ro sampun pinarnah. 9 ) Munggeng génthong den tutupi, dinunung pojoking wisma, ya ta ni randha sawuse, sigra mentar maring wana, kalawan sutanira, ngambil ronwinade esuk, reh tuna tan antuk mina. 10 ) Sapraptanireng wanadri, gya ngambil dhaon palasa, roning jati ijo-ijo, tinumpuk sampun tinata, sasunggen sagendhongan, duk ingangkat sami ngungun, godhonge entheng kewala. 11 ) Nulya malih den wuwuhi, tikel lawan saban-saban, ingangkat entheng kemawon, nulya malih winuwuhan, kongsi saijab-ijab, ngrembuyung saengga gumuk, ginendhong datan karasa. 12 ) Ki Jangkung denira nyunggi, munjung-munjung tan karasa, ambapang suka guyune, biyung iki titenana, idine sang pandhita, ujare dennya tutulung, dhasar pandhita kuwasa. 13 ) Heh andelen biyung becik, lan ngendi ana manungsa, kelar godhong kang samene, sesuk keh papayonira, ngastuti nyai randha, ya ta ganti kang winuwus, kang kantun mungging ing wisma. 14 ) Keyong ro wus samya mijil, saking genthong sus mancala, pari puma sujanmane, ya ta sang retna kalihnya, karya resiking wisma, Ian tinata pasangipun, kendhi kothong ingisenan. 15 ) Sekul leholehe nguni, tinata kadya rampadan, rinakit mungging ing bale, tinutupan ron prayoga, ya ta wusnya mangkana, putri kalih sami wangsul, mring genthong mancala warna. 16 ) Tan ana labete keksi, wuwusen randha Dhadhapan, duk prapta musuh sutane, godhonge sampun pinarnah, dupi manjing mring wisma, kagyat denira andulu, sarwa resik wismanira. 17 ) Ing bale tata kaeksi, sekul winangun rampadan, sumandhing kebak kendhine, ni randha mojar ing driya, sapa baya kang karya, sarwa resik sarwa pantas, lir akanthi jalma tama. (Serat Panji Raras)
Sumber http://lets-sekolah.blogspot.com
pop
Monday, August 10, 2020
17 Syair Tembang Asmaradana Dalam Serat Panji Raras
Diterbitkan August 10, 2020
Artikel Terkait
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
EmoticonEmoticon